TKS EKSPOSISI SENI PAGELARAN
MATERI
ONLINE PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS XI
KD
IV WACANA EKPOSISI SENI PAGELARAN TRADISI
Ngidentifikasi
Teks Eksposisi Seni Pagelaran Tradisi
Ekposisi
mujudake sawijining teks kang ngritakake Analisa proses nganggo cara narasi
kanggo aweh informasi lan njembarake pangertene wong sing maca. Wacana
eksposisi digunakake dening pengarang kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi,
pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi
sawijining kedadeyan utawa bab.
Titikane
karangan eksposisi kuwi ngemot bab-bab ing ngisor iki
1. Ngandharake
panemu utawa gagasan
2. Nuduhake
kahanan sanyatane (fakta), menawa perlu dicethahake kanthi grafik, peta
statistik, gambar, angka lan sapanunggale
3. Nggunakake
analisis lan sintesis
4. Sumber
ide saka pengalaman, sikap utawa keyakinan
Struktur
karangan eksposisi iku kaperang dadi telung perangan yaiku:
1. Tesis
(pambuka) isine panemu
2. Argumentasi
(suara/ isi) isine bukti, alesan lan argument
3. Penegasan
ulang (panutup) isine dudutan kang nguwatake argument adhedasar bukti.
![]()
![]()
![]()
![]()
![]()
![]()
Dening wonten wacana eksposisi ing
menika badhe kaandharaken tuladha wacana eksposisi babagan Seni Pagelaran
Tradisi. Sak derengipun mlebet tuladhanipun, manga nyinaoni rumiyin menapa kang
diarani seni pagelaran tradisi menika.
Seni pagelaran
mujudake jinis-jinising seni kang mbutuhake panggung utawa papan mligi kanggo
meragakake lan mitontonake asil karya senine. Masyarakat Jawa duweni seni tradisi kang akeh cacahe. Sanajan
wektu iki wus suda manawa katandhingake karo sewatara taun kepungkur. Bab
kasebut disebabake ngrembakaning teknologi informasi kayata radhiyo, TV,
Internet kang nggiyarake maneka tontonan modheren. Sawetara kang isih bisa
ditemokake ing antarane yaiku pagelaran wayang kulit, wayang wong, kethoprak,
ludruk, jaranan, tayub, lan sakpanunggale.
Satemene sakehing
seni pagelaran tradhisi Jawa iku wis ngumandhang nganti tekan njaban rangkah.
Buktine akeh wisatawan kang teka saperlu nonton malah kapara ana kang kepincut
lan nyinaoni. Mula ora mokal saiki ana sindhen saka manca kayata sindhen
Jepang, Inggris, Amerika, Hungaria lan liya-liyane. Uga ana dhalang saka
Australia.
Minangka generasi
mudha kang entuk warisan seni tradhisi saka para leluhur ding digandhrungi wong
manca kuwi mau wis mesthine seneng lan mongkog. Mung wae ora kandheg ing rasa
mongkog kuwi mau nanging kudu rumangsa handarbeni kanthi melu nglestarekake
seni tradisi kang pranyata adiluhung kasebut. Aja nganthi dadi tamu ing omahe
dhewe. Eman yen bisane mung nonton wong manca sing maragakake seni tradisi
dhewe.
TULADHA WACANA
EKSPOSISI
Tuladha 1 :
Wayang Wong
Wayang
uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal
ing Jawa. Wanag wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing
negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa
utawa pulo Jawa. Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan
golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainake wayang wong uga ngagem
pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.
Miturut
penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang
wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika Mangkunegara I ingkang
kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa.
Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta lajeng dipungelar ing
Yogyakarta. Wekdal ing sasu April 1868 yaiku Mangkunegara IV ngawontenaken
acara khitan putranipun. Ingkang taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman
Sriwedari wonteng ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran keseniang wayang
wong. Kang ditonton kaliyan warga sekitar.
Pagelaran
seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar
kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka
urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade karcis. Wayang
wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti
Pandowo” ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVIII ingkang
dipunpandegani dening Mangkunegera I, wekdal punika ingkang dipungelar namung
lakon-lakoninpun wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional
wayang wong wiwit boten subur maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta
taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun
Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka maling nanging taksih winetes ing daerah
Yogyakarta lan Surakarta kemawon.
Saking
sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing sampun ana kanthi zaman
mbiyen. Mbiyen namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani
pementasan wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan
wayang wong. Justru wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya
asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake
budaya adat lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki
saget subur maneh pementasanipun.
Tuladha 2 :
Jenis Gamelan lan Manfaatipun
Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan
sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane
kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang
becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane.
Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.
Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing
jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku :
soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat
gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning
gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis
lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa
alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender,
gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran
meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran,
genderan, lan liya-liyane.
Ana uga
gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng.
Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing
nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh
ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti
12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning gamelan
jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung, supitan lan teteasan putra
utawa putri Sultan lan sakarsa dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero
gamelan sekati yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2
sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan nunggang yaiku
gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki nduweni awak saka 4 racakan isine
teli bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending,
1 kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati, gamelan nunggang
kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring dhayoh agung, supitan, tetesan, manti,
rempog macan, grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.
Gamelan
sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku
ana sing volume keras lan ono sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh,
saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh.
Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, mergo kuwi kula lan
panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan
kanggo ngelestariake budaya jawa.
Sumber :
Heri Setiawan. 2015. Mumpuni Basa Jawi XI
kangge Kelas XI SMA/ MA/ SMALB/ SMK/ MAK . Surakarta: Tiga Serangkai.
https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/
http://www.miftup.xyz/2015/06/teks-eksposisi-bahsa-jawa-pagelaran.html
http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-gamelan.html
TUGAS ONLINE BAHASA JAWA KELAS XI
Kadamela Wacana
Ekposisi babagan kesenian Tradisional kang ngrembaka ing Magelang
Mekanisme
pangempalan (setoran)
Tugas saged
diketik saged ugi kaserat ing buku Basa Jawa.
Tugas arupa file
menawi dipun ketik, menawi kaserat ing buku Basa Jawa saged dipun foto
Tugas dipun
kempalaken rumiyin ing ketua kelas piyambak-piyambak, dipun dadosaken setunggal
file, lan dipun paring jeneng kelas file ipun, ampun kesupen tugas ingkang
dipun kempalaken ing ketua kelas nama, absen, kelas.
Menawi sampun
kumpul sedanten saged dipun kirim lumantar email. evimukti1982@gmail.com
Mekaten menawi
wonten ingkang prelu dipun diskusiaken saged wonten Grop kelas Basa Jawa Kelas
Tugas Menika
Kangge 2 pertemuan (2 Minggu).
Matur Nuwun…
SALAM SEHAT
Komentar
Posting Komentar