TEKS EKSPOSISI BAHASA JAWA | PENGERTIAN, STRUKTUR, CONTOH
A. MANGERTENI TEKS EKSPOSISI
BAB SENI PERTUNJUKAN JAWA
1.
Pengertene
teks Eksposisi
Teks
eksposisi yaiku teks utawa wacana maparake, njlentrehake(ngandharake),
ngaturake, ngajarake lan nerangake sawijining bab supaya pamaos bisa.nampa
utawa nampa. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake
pengetahuan/ilmu,definisi,pengertian,langkahlangkah sawijining kagiyatan,
metode, cara lan proses dumadine
sawijining prastawa utawa bab. Sumber karangan eksposisi isa saka pengamatan,
penelitian utawa pengalaman.
Gatekna tuladha teks eskposisi ngisor iki !
Gamelan
Jawa
Gamelan
Jawa iku sawijining utawa,corak gamelan sing urip ing tlatah Yogyakarta uga
Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi
mawarni-warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang,
Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo-musik gamelan saka dhaerah
liya, yen musik gamelan Jawa lurnrahe nduwe nada luwih lernbut,lembut lan
nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane luwih
cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke "nglaras" banget
(Mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.
Gamelan
Jawa iku ndue nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku.nduweni 2 laras yaiku:
Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567,
menawi LarasPelog nduweni nada-nada 1234567.
Gamelan
Jawa ndue, aturan-aturang ingkang wis pakem,-antarane katata saka pirangpirang
rambahan utawa puteran utawa pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan
sampek utawa cépet rendhete laku
sing wis pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan melodine wis diatur nig
bageyang-bageyan sing saben-saben, ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben
piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn irama
diarani kenthang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku diarani pengrawit,
panayagan utawa nayagautama wiyogo. sing nembang priya diarani wira-swara, sing
wanita arane pesinden utawa swarawati.
Wonten
ing jaman-modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten dados remenipun. para
rnudha. Kathah para mudha ingkang rnboten Mangertos babagan gamelan amargi para
mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat musik modern
kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel
utawa main alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen bisa maen
Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik ingkang
ndadekke deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru Gamelan
iku salahsetunggal alat musk ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni tumrap
sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.
Turnrap
para mudha kedah njaga gamelan caranipun inggih punika nyinauni lan mboten
nduwe pepanggih menawi Gamelan iku alat musik sing namung dimainke tiyang
tua..Mboh,, kenging menapa Gamelan mboten dadi tresnane para mudha, apa
amarga maenke Gamelan angel lang
njlimet, sedaya iku butuh usaha lan kemauan. Menawi kila sampun usaha temenan
pengen maenke Gamelan, kita bakal bisa.
Ing
jaman saiki? Kenapa mboten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolahsekolah
saka SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan.
Mboten namun alat musik modern kemawon ingkang diajarken Bapak Ibu Guru. Saka
mriku para siswa uga angsal ilmu saka alat musik Gamelan lan suwe-suwe para
siswa bakal tresna marang Gamelan. Menawa mboten nggih kita tumrap para muda
nggih saged mara wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta,
ten Kulon Progo nggih wonten kayata Sanggar Singklon sing nduwe Pak Jaka.
Aja
nganti alat musik Gamelan ical saking pikirane para mudha lan sedaya tiyang
Indonesia, kita mboten ampun kegiles karo alat musik modern ing jaman sakniki.
Kita kedhah bangga marang Gamelan lan kedhah ngelestarikaken Gamelan. Aja
nganti negara liya ngrebut alat musik gamelan. Kita kedhah matenken menawi
Gamelan iku warisan nenenk moyang
Indonesia, kula kadah pemanggih menawi gamelan saged diakui wonten ing
Mancaegara. Iki lho Kabudayan Indonesia mliginipun kabudayan Jawa?
Gamelan
Jawa (kabudayan jawa) dening royadhitama.
Langkah-langkah
nulis wacanaeksposisi yaiku :
·
Nentokake tema
·
Nentokake tujuan karangan
·
Milih data,kang cocok
karo tema
·
Gawe cengkorongan
karangan
·
Ngembangake cengkorongan
mau dadi karangan kang wutuh
NB : Kangge tambahan kawruh (materi) supados maos buku
paket ing kaca 142-145 !
Komentar
Posting Komentar