Tari Soreng

            Kesenian Tari Soreng iku salah satunggale kesenian asli masyarakat Jawi sejarahe saka pengejawantahan babad. Kesenian menika di pentasake nalika upacara adat utawa hajatan gede. Kesenian Soreng iku kesenian ingkang dipendet saking kisah Aryo Penangsang lan para prajurite.

Kesenian Soreng piyambak ideale di lakoni 10 tekan 12 uwong penari lanang. Aryo Penangsang yaiku adipati ingkang ngrebut tahta Kerajaan Demak, sepeninggale Sultan Tranggono. Aryo Penangsang ora setuju marang tahta kerajaan sing diwariske Mas Karebet utawa Joko Tingkir mantune Sultan Tranggono. Mas Karebet marisi tahta kerajaan Demak, lan mindahake ing Istana Pajang. Sawise dadi raja kerajaan Pajang mas Karebet entuk gelar Sultan Hadiwijaya. Aryo Penangsang nduweni kesaktian sing sekti mandraguna. Tunggangane Aryo Penangsang yaiku jaran lanang ingkang nduweni jeneng Gagak Rimang. Kisah iki nggambarke tari energik, ingkang diiringi suara gending lan gendang sing wuenak suarane.

Akhire Aryo Penangsang gugur sawise tarung marang Danang Sutawijaya yaiku putra angkat Sultan Hadiwijaya. Danang Sutawijaya akhire dadi raja Mataram ing Kotagede, Yogyakarta nduweni gelar Panembahan Senopati. Jaman semono, tabuhan sing ana iramane kui iso mancing perhatiane masyarakat. Atusan wong langsung kumpul menowo ngrungokke tabuhan kui. Kesenian Soreng kui kesenian ingkang diminati kabeh masyarakat Jawa, khususe masyarakat Magelang, Jawa Tengah. Gerak tarine diiringi musik sing rancak lan dimainke para penari Soreng ingkang luwes dadi daya tarike masyarakat gede. Tekan saiki kisah tari Soreng kui mampu digambarke ing pertujukan Tari Soreng. Tari Soreng dadi warisan budaya Jawa Tengah ingkang berirama lan gadhah pesan pesan ingkang kesirat.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Soal Perakitan Produk Barang dan Jasa KWU + Jawaban

LATIHAN SOAL BASIS DATA DAN JAWABAN

Soal Perkembangan Usaha KWU dan Jawaban