PARIWARA | PANGERTEN, STRUKTUR, TULADHA
PARIWARA
A Pangertene Pariwara.
Pariwara / iklan yaiku sawijining pesen
babagan barang / jasa (poduk) kang digawe dening produsen kang diandharake
lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang
ditujukake marang bebrayan agung. Ancase pariwara yaiku supaya masyarakat
kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
B. Ancase
Pariwara
* Menehi ngerti masyarakat.
* Ngajak masyarakat supaya tuku utawa
nggunakake produk kasebut
C. Jiniseng Pariwara
1. Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti
nganggo swara tuladhane iklan radio.
2. Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake
nggango tulisan utawa gambar kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
3. Pariwara Audio Visual :
Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga
swara kang bisa di rungoake lan
di deleng tuladhane iklan TV.
D. Bab kang kudu digatekake nalika nggawe pariwara yaiku
a. Ukara cekak lan aos (singkat dan jelas).
b. Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake
(komunikatif).
c. Tulisan lan gambare narik kawigaten.
E.
Unsur-unsur pariwara / iklan
Unsure iklan ing antarane
kayata :
a. Jeneng barang / jasa kang ditawakake.
b. Alamat produsen.
c. Kahanan barang / jasa kang ditawakake, lsp.
TUGAS ONLINE
KADAMELA IKLAN LAYANAN MASYARAKAT BABAGAN
PANGAJAK KANGGE MERANGI VIRUS CORONA
INGKANG SAMPUN NGREMBAKA NGANTOS DINTEN
MENIKA
SAGED KAGAMBAR UTAWI EDIT SAKING GAMBAR
BROWSING
MIGUNAKAKE BASA JAWA
IKLAN SAGED ARUPA AJAKAN WIJIK (cuci tangan)
INGKANG LERES, SAGED PANGAJAK MBOTEN MUDIK, PANGAJAK MBOTEN MEDAL SAKING GRIYA,
LAN SANESIPUN
BAB WIGATI INGKANG PRELU DIPUNTANGLETAKEN
SAGED WA BU RACHMA KANTHI NO 082134224334
MATUR NUWUN
Komentar
Posting Komentar