MAKALAH ADIPATI KARNA
MAKALAH
ADIPATI
KARNA
Disusun gawe ngrampungake
tugas
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Guru : Evimukti Rachmawati
Logomu
Oleh : Iqbal Widyadhana Putra
(21)
KELAS
XII
JURUSAN
REKAYASA PERANGKAT LUNAK
SEKOLAH
MENENGAH KEJURUAN 2 MAGELANG
2021
PAMBUKA
Alhamdulillah, puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang
sampun ngwenehi rahmat lan hidayah sehingga kulo saget ngrampungake tugas
makalah ingkang berjudul Adipati Karna tepat waktu.
Tujuan
penulisan makalah menika yaiku damel memenuhi tugas Ibu Evi ing mata pelajaran
Bahasa Jawa. Tujuan liyane yaiku damel
nambah wawasan tentang Adipati Karna dhateng para pembaca lan penulis.
Kulo
aturaken matur nuwun dhumateng Ibu Evi, selaku guru Bahasa Jawa ingkang sampun
maringaken tugas menika sehingga saget nambah wawasan lan pengetahuan kulo
dhateng tokoh pewayangan Adipati Karna.
Kulo
aturaken matur nuwun dhumateng semua pihak ingkang sampun mbagi sabagian ilmune
sahingga kulo saget ngrampungake makalah menika.
Kulo
sadar makalah ingkang kulo tulis tasih tebih saking kata sempurna. Amarga
menika, kritik lan saran ingkang membangun kulo tengga-tengga demi kesempurnaan
makalah menika.
Magelang, 27 Januari
2021
Panulis
BAB
I PENDAHULUAN
A.
Latar Belakang
Wayang Mahabarata
yen dibahas ora ono entekke, amarga akehe tokoh pewayangan sing ana. Salah
sawijine babagan wayang Mahabarata yaiku Pandawa, Pandawa cacahe lima, yaiku
Yudistira, Bima, Arjuna Nakula, Sadewa. Kakang paling tuo antarane lima pandawa
: Yudistira, Bimasena, lan Arjuna yaiku Adipati Karna. Meski dheweke saka
keluarga Pandawa, tapi pas perang gedhe, Karna dadi pandukung utama pihak
Kurawa. Karna diangkat dadi panglima pihak Kurawa lan akhire gugur ing tangan
Arjuna.
B.
Rumusan Masalah
1. Apa wae
sikap-sikap Karna sing bisa dadi patuladhan?
2. Kepiye masa bayine
Adipati Karna?
3. Kepiye masa cilik
lan pendidikan Adipati Karna?
4. Ngopo Karna malah
ing pihak Kurawa?
C.
Tujuan lan Guna
Tujuan lan guna
saka penyusunan makalah iki yaiku :
1. Ngetahui sopo kui
Adipati Karna.
2. Ngetahui
sifat-sifat Adipati Karna sing iso dadi patuladhan.
3. Ngetahui salah
siji tokoh pewayangan sing berkhianat.
BAB
II PEMBAHASAN
A. Sikap
sing iso dadi patuladhan
Sikap ingkang becik saka Adipati Karna yaiku gelem
mbalas budi marang prajurit Astina iya Sang
Prabu Duryudana. Dheweke ora lali marang becik e prajurit ing Astina
B. Kelahiran
Adipati Karna
Ing Mahabarata bagian kepisan utawa Adiparwa
ngisahaake seorang putri, Kunti ing sawijine dina ditugasi njamu pendeta tamu
bapake, yaiku Resi Durwasa. Ing jamuan iku, Durwasa seneg lan nganugrahi ilmu
kesaktian Adityahredaya ing Kunti. Adityahredaya iku mantra kanggo ngundang
Dewa. Ing sawijine dina, Kunti njajal mantra iku, selebare nglakoni puja ing
enjing. Dheweke njajal konsentrasi marang Dewa Surya, lan dadi akibate, sang
dewa srengenge muncul gawe ngwenehi Kunti, anak, ingkang keceluk Adipati Karna,
banjur Kunti nolak amarga dheweke namung njajal keampuhan Adityahredaya. Surya
ngomong yen Adityahredaya iku hudu mainan. Dadi konsekuensine, Kunti ngandung
bayi iku. Surya mbantu nglahirake bayi menika. Banjur, Surya mbakek nang
kayangan lan mulihake keprawanan Kunti. Adipati Karna dilarung dening ibune
rikala isih bayi ing Bengawan Swilu Gangga.
C.
Masa cilik lan pendidikan
Demi njogo nama baik negorone, Kunti nglairake
sakdurunge rabi kepekso mbuang “putra Surya” sing dikei jeneng Karna ing kali
Aswa nggowo kranjang. Bayi iku banjur kagowo arus lan akhire ditemokke karo
Adirata sing pagaweane dadi kusir kereta ning Kerajaan Kuru. Adirata banjur
ndadeake bayi mau dadi anake. Amarga saka lahir wis nganggo pakaian perang
lengkap karo anting-anting lan kalung wenehan Surya, mangka bayi mau dikei
jeneng Basusena.
Basusena diasuh lan digedekke ning keluarga kusir,
sahingga deweke dikenal karo julukan Sutaputra (anak kusir). Nanging, julukan
liyane sing luwih dikenal yaiku Radheya, sing nduweni makna “anak Radha” (istri
Adirata). Sanajan urip ning lingkungan kusir, Radheya sejatine pengin dadi
pejabat kerajaan. Adirata ndhaptarake dheweke ing sekolah Resi Drona, sing
nalika semana lagi ngajari Pandhawa lan Kauravas, pangeran saka wangsa Kuru.
Drona nolak Radheya amarga dheweke mung gelem mulang para satriya. Akhire
Radheya mutusake golek guru liyane. Dheweke nyamar dadi brahmana kanggo entuk
pendhidhikan saka Parasurama, ksatria brahman sing mung nampa siswa saka kelas
Brahmin. Parasurama minangka guru Bisma - pinituwa saka wangsa Kuru - lan
Drona, saengga Karna entuk guru sing luwih apik tinimbang Drona.
Parasurama ngalami pengalaman ala karo para ksatria,
mula Karna kudu nyamar dadi brahmana enom supaya bisa dadi murid. Ing
sawijining dina, Parasurama turu ing pangkone Karna. Dumadakan ana serangga
sing nyakot paha Karna katon. Supaya Parasurama ora tangi, Karna ngeculake pupu
nalika dheweke ora obah sak inci. Nalika Parasurama tangi saka turu, dheweke
kaget amarga weruh yen Karna kebak getih. Kemampuan Karna kanggo nahan rasa
sakit wis nggugah Parasurama manawa sakabate dudu saka golongan brahman,
nanging satriya sejatine. Rumangsa diapusi, Parasurama ngutuk Karna. Mengko, sajrone
perang antarane urip lan pati nglawan mungsuh sing paling gedhe, Karna bakal
lali kabeh ilmu sing wis diwulangake.
Kutukan kaping pindho dipikolehi Karna nalika dheweke
nyopir kreta lan nabrak sapi brahmana sing lagi nyebrang dalan. Para brahmana
uga katon lan ngipat-ipati Karna, sawijining dina kreta dheweke bakal klelep
ing lendhot nalika nglawan mungsuh sing paling hebat.
D. Karna,
panglima Kurawa
Patuladhan saka dheweke nalika ana perang Baratayuda
Adhipati Karna iki ora mbela marang
prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Astina, jalaran
kepengin mbales budi kabecikan marang raja ing Astina yaiku Sang Prabu
Duryudana.
BAB III PANUTUP
A. Kesimpulan
Adipati Karna utawa Basukarna iku raja ing Awangga.
Adipati Karna iku satemene sedulur Janaka kang tunggal ibu nanging seje rama.
Ramane Adhipati Karna iku aran-aranan Barthara yudha. Patuladhan saka dheweke
nalika ana perang Baratayuda Adiphati Karna ora mblela marang prajurit
Pandhawa, nanging mbiyantu prajurit negara Astina. Duk rikala isih bayi,
Adipati Karna dening ibune dilarung ing Bengawan Swilu Gangga. Ing perang
Baratayudha, Karna mbelani Duryudana.
E. Saran
Adipati Karna sakjane ning pihak Pandawa lan ngapurani
Dewi Kunti, amarga simboke dheweke.
Komentar
Posting Komentar