Kinanthi | Tembang, Gancaran, Pitutur Luhur

 

Tembang

Gancaran

Pitutur Luhur

Upamane wong lumaku,

marga gawat den liwati,

lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri,

apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.

Umpama wong mlaku

Liwat dalan sing mbebayani

Menawa kurang petungan

Bisa kena eri(masalah)

Apese kesandhung watu

Satemah babak bundhas kebak tatu

Dadi wong kudu sugih pangati – ati supaya slamet

Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati,

rina wengi den anedya,

pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

Dadi anak-anakku sing rajin,

Sinau kanggo ngasah atimu,

coba siang lan wengi,

nembus jero atimu,

ngilangake hawa nepsu pribadi, Supaya dadi utama (manungsa).

Dadi anak kudu rajin sinau gawe ngasah atine ben ngilangke hawa nafsu supaya dadi utama(manusia)

Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki,

ing kono yekti karasa,

dudu ucape pribadi,

marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.

Ati ora oleh acuh,

waspada marang omonganmu,

ing kono mesti krasa,

udu omongan pribadi,  

banjur tanggungjawabben,

gatekna kanthi rampung.

Aja sembrana ngomong aneh-aneh lan kudu tanggung jawab opo sing mbok omongke

Sirnakna semanging kalbu,

den waspada ing pangeksi,

yeku dalaning kasidan,

sinuda saka satitik,

pamotahing nafsu hawa,

jinalantih mamrih titih.

Ngilangi keraguan ati,

Ngati-ati karo pandanganmu,

Mangkono kerjane,

Dikurangi sitik soko sitik,

Godaan hawa nafsu,

Dilatih ben terlatih.

Keraguan ati kudu diilangi gawe ngontrol hawa nafsu

Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik,

duwea kawruh sabodag,

yen ta nartani ing kapti,

dadi kawruhe kinarya,

ngupaya kasil lan melik.

Alamiah yen kaya ngono,

golek perawatan sawise ciloko, sanajan sampeyan duwe pirang-pirang ilmu,

yen ora miturut tujuane,

ilmu kasebut mung digunakake kanggo golek bathi lan kepentingan dhewe.

Gunakke ilmu mu sing  becik miturut tujuan e nek ora iku iso mentingke awakke dewe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Soal Perakitan Produk Barang dan Jasa KWU + Jawaban

LATIHAN SOAL BASIS DATA DAN JAWABAN

Soal Perkembangan Usaha KWU dan Jawaban